Nawalaku mugi enggal kawaca
Dening sliramu rama pepujanig atiku,
Kadya sunaring bagaskara,
Uga cahyanig kartika purnama,
Eseming Rama pepujanku,
kebak sih katresnan,
Senadyan tanpa rowang tanpa kadang,
playuku kebuncang prahara diadhang Bathara Kala,
Bledheg nyamber-nyamber, aku ora kedher,
kanggo Rama kang dak tresnani,
Jatayu... jatayu....
nawalaku aturna mring Rama,
bilih rikala semana,
katresnanku amung dening Rama pepujaning atiku...
karya : ratih sari septiarini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar